Sabda Alon aneng Leng Yuyu

Sabda Alon

Leng leng myang sesongko
Wayahnya lagiyo sumarah
Rinenggo ring puri
Yektiono sir mandoyo
Mandoyo sekaring kismo
Jaladri kapitaning suryo
Deneng mwang kowo
Anjrah sumumbur sangking sariro
Risang sekaring narendro  lelo-lelo
Risang sekaring narendro sukmeng nolo
Rum sedyo asmoro dewo,
Dewo taning dewotaning sukmeng nolo ooo
Saliro madibyo dibyo jayeng
Sang noto alon ngendiko oooooo

Ooong Aku di Bumi dekat langit
Dekat dengan ragam keindahan angkasa raya
Laiknya bintang bisa kuraih
Rembulan bisa kugapai
Aku ingin melukiskan takdirku di langit biru
Kutata ulang baris bintang dan bulat rembulan
Semau-mauku agar kau terima cintaku

Mega awang-awang  dogel gelang
Wus sajeg-e wong lanang gedhe goroh-e
Suket latar… ooooo suket latar
aja drengki diwayuh tunggal sak bumi

Suwe ora jamu,Jamu Godong Meniran
Suwe ora ketemu, Ketemu pisan dadi pikiran
Krungu lagu-lagune  cangkriman
Manyar sewu ana tengah ratan

Nandur jahe nang galengan
Maju wae  kareben barengan
Omah gendeng tak saponane
Abot entheng tak lakonane
Jarik lawung diwiru-wiru
Atine bingung ora iso turu

Suket glagah nang tengah sawah
Apa salah diwayuh tunggal seumah

Pancen Kowe Asu……

Leng Yuyu Dina Setu Wage. Suro Kurang Sedino
30 September 2016



Komentar